WELCOME TO HERE >> SAL-KOM-SEL [ SALAM KOMPAK SELALU ]

Rabu, 30 Maret 2011

Mbah Lanang Pengen Rabi Meneh

Mbah lanang sak iki jik lara. Eling-eling pas mbah wedok mati mbiyen. Sak keluarga, mbah lanang, paklik, bulik, ponakan, kabeh nunggoni ndik kamar, sak ubenge jenazahe mbah wedok. kabeh sedih, membik-membik, umik-umik, mbuh ndonga tah misuh-misuh (mha, mbah, mati ae kok durung ninggali wasiat, se…)

Suwe wong-wong mau padha sedih-sedihan, embuh temenan tak githokan.

Gak untara suwe mbah lanang kanda karo anak lan putune, ngongkon supaya metu saka kamar. Mbah lanang kate ijenan, berdua karo mbah wedok sing wis jenat.

Kabeh memahami, nek mbah lanang pengin duwe suasana sing khusus karo mbah wedok sing sembujur nang karpet ndik kamar mau. Kabeh padha metu. Lawang ditutup.

Mat Pithi, ancen arek ndlodog, incang-inceng saka korden jendela sing rodok mbukak thithik. Opo sing ditindakno mbarek mbah lanang ?

Si embah lanang pencolotan ndik ndukure jenazahe mbah wedok. Mlumpat-mlumpat ping bolak balik. Lho, ola opo ?

Mat Pithi eling, mbah wedok tau sumbar nang mbah lanang, sing tau duwe ide kate rabi maneh. Sumbare mbah wedok mau : “Peno oleh rabi maneh. Tapi langkahono mayitku disik !”

KOPLAK...

Sumber : Neng Kene Kiy !!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Komentar Akan Muncul Setelah Ane Moderasi ato Ane Setujui.. Jadi, Harap Menunggu, Sobt...!! :)